Friday, January 29, 2016

Laporan Kegiyatan Kemah Jamus

0




A.     Pambuka
            Pramuka iku cekakan saka Praja Muda Karana. Gerakan Pramuka minangka organisasi mudha kang isih disenengi marang bocah-bocah enom jaman saiki. Gerakan Pramuka uga bisa ndidik panerus bangsa supaya dadi wong kang tanggung jawab, dislipin lan tulung tinulung. Sakliyane kui Gerakan Pramuka uga ngajari supaya percaya marang Tuhan Kang Maha Esa. Ora mung iku, meh kabeh kegiyatan sabendina iku dipelajari ana ing Pramuka. Amarga kui, Gerakan Pramuka dadi ekstrakulikuler wajib ana ing sekolah.
            Salah sawijining kegiyatan Gerakan Pramuka yaiku kemah. Kemah wes kebukti ampuh kanggo ndidik anggota pramuka. Ing dina dina pas kemah, anggota pramuka dituntut supaya bisa urip dewe tanpa bapak ibu lan disiplin.
            Saben taun Gerakan Pramuka SMPN 1 Magetan ngadakake kemah peng pindho. Sing pertama yaiku Persami sing diadakake neng sekolah saben awal taun pelajaran anyar kanggo nampa siswa anyar sing otomatis dadi anggota anyar Gerakan Pramuka SMPN 1 Magetan yaiku siswa kelas VII. Kemah sing keloro diadakake saben akhir taun pelajaran. Biasane bareng karo rapotan. Panggonane ana ing Jamus, Ngawi.

B.     Ancas Kegiyatan
1.      Nglatih anggota Pramuka SMPN 1 Magetan supaya dadi mandiri, tanggung jawab lan disiplin.
2.      Ngreketake persatuan anggota Pramuka SMPN 1 Magetan.
3.      Nglatih mental anggota Pramuka SMPN 1 Magetan.
4.      Kanggo refreshing utawa nyegerake pikiran sakwise UAS.
5.      Nambah pengetahuan sing ana hubungane karo Pramuka.
6.      Nglatih fisik anggota Pramuka SMPN 1 Magetan.
7.      Nglatih ngamalake Tri Satya lan Dasa Dharma langsung.
8.      Ngenalake Jamus marang anggota Pramuka SMPN 1 Magetan.




C.     Gegambarane Kegiyatan

1. Para Pendherek Kegiyatan
Pendherek kegiyatan yaiku kabeh siswa kelas VII, Calon Dewan Pengglang (CDP) lan Dewan Penggalang (DP)

2. Wekdal lan Panggenan
Dinten          : Sabtu – Senen
Tanggal        : 13 – 15 Juni 2015
Panggenan   : Jamus, Ngawi

3. Lampahing Kegiyatan

       Sabtu, 13 Juni 2015

Anggota Pramuka SMPN 1 Magetan kumpul neng lapangan SMPN 1 Magetan jam 06.30 kanggo didata. Jam 07.30 kabeh anggota pramuka budhal bareng – bareng nganggo truk cacahe 7. Kira kira jam 08.45 kabeh wes teka Jamus, Ngawi. Pertama, anggota pramuka kelas VII ngedekake tenda direwangi CDP lan DP. Jam 10.30 diadakake upacara pambuka kang dipimpin Kak Priyo. Sakwise kui di wenehi wektu kanggo ishoma.
Bubar sholat Ashar, peserta diklumpukake amarga meh dijak menyang kebun teh Jamus. Jamus iku terkenal karo kebuh teh e. Sisih lor bumi perkemahan iku isine kebun teh tok. Teh sing wes dicabut langsung diolah ing pabrik sisih kulon e bumi perkemahan. Kira kira jam 17.00 kabeh wis mbalek menyang tenda lan siap siap kanggo adus lan sholat Maghrib.
Sakwise sholat Isya’ kabeh peserta kumpul ing lapangan kidule bumi perkemahan kanggo ngadakake pensi utawa pentas seni. Pembawa acara nyeluk regu acak lan kudu ana perwakilan sing maju kanggo pentas. Jam 22.30 pensi wes bar lan kabeh mbalek menyang tenda kanggo ngaso.

            Minggu, 14 Juni 2015
Esuke, kabeh wes siap siap kanggo penjelajahan. Jam 07.30 regu kelas VII diceluki siji siji lan budal siji siji. Rute penjelajahane kurang luweh 3 kilo nanging dalane munggah medun. Ana 5 pos utama lan akeh pos bayangan. Saben pos utama ngewenehi tugas kanggo kelas VII. Engko bakalan ana hadiah kanggo sing ngerjakne tugas paling bener, yel yel paling kompak lan tenda sing paling resik. Kira-kira jam 13.00 kabeh regu wes teko bumi perkemahan banjur diwenehi wektu ishoma.
Sakwise Ashar kabeh kumpul maneh. Kabeh diprintah baris sak banjar mlaku bareng tumuju lapangan sisih lor. Neng lapangan wes disiapne kakak kakak DP lan CDP dolanan dolanan. Kabeh dolanane butuh kerjasama tim lan kekompakan. Jam 17.00 kabeh bali menyang tenda.
Jam 19.30 kabeh peserta kumpul ing lapangan cedeke bumi perkemahan amarga arep diadakake upacara api unggun. Pertamane dipilih 10 pramuka kelas VII. Dheweke bakal baris muteri kayu kayu lan ngunekake Dharma Pramuka siji siji karo ngangkat obor sing murup. Sakwise Dharma Pramuka ke-sepuluh obor diwenehake menyang Kak Priyo lan Kak Priyo ngurupne api unggun. Kahanan sing awale sepi ngehayati upacara dadi rame banget karo nyanyian “Api.. Api.. Apii kita sudah menyala…” diiringi pianone Kak Toni. Sakliyane iku kembang api uga nambah rame kahanan. Kurang luweh 4 menit kembang apine murup neng langit. Enteke kembang api uga dadi bates enteke lagune. Kegiyatan diterusake, yaiku pensi. Pas pensi diumumake sopo wae juara lomba lombane. Jam 22.30 kabeh peserta melbu tenda.

            Senin, 15 Juni 2015
Pramuka kelas VII, CDP, DP lan Pembina senam bareng neng lapangan ngarep panggung. Kabeh pada gawe seragam olahraga. Sakwise iku, kabeh mbalek menyang  tenda kanggo tata tata lan mbongkar tenda. Kabeh uga kerja bakti bareng bareng ngeresiki bumi perkemahan sakurunge muleh. Jam 10.00 kabeh wes siap lan truk wes teka dadi bisa muleh.

D.    Cathethan
Hal sing perlu dievaluasi :
1.      Kurang persiapan dadi panggonane kurang dihias luwih apik.
2.      Kegiyatan sing dilakokake beda karo rencana awal.

E.     Panutup

Cukup semanten kegiyatan Kemah Jamus SMPN 1 Magetan ingkang saget kula aturi. Saumpama wonten salah utawa nyakiti ati kula nyuwun saagungipun pangapura.

0 comments:

Post a Comment

luvne.com ayeey.com cicicookies.com mbepp.com kumpulanrumusnya.com.com tipscantiknya.com